Rabu, 17 Februari 2016

Contoh pidato berbahasa Jawa

Materi Berpidato Bahasa Jawa

Sesorah / pidhato
Menyampaikan suatu gagasan atau informasi dengan cara mengucapkannya  di depan orang banyak dengan maksud tertentu.

Tujuan Sesorah
1. Memberi informasi  tertentu
2. Memberi pengaruh
3. Memberi hiburan

Pokok-pokok Sesorah
1. Salam Pambuka
2. Purwaka                (Memanjatkan syukur kepada Tuhan)
3. Isi
4. Dudutan wacana  (kesimpulan)
5. Pangajeng-ajeng  (harapan)
6. Wusana                  (panutup)

Teknik sesorah
1. Teknik Naskah
Berpidato dengan cara membaca teks pidato yang sebelumnya sudah ditulis
2. Teknik Apalan
Berpidato dengan cara menghafal isi keseluruhan teks
3. Teknik Serta Merta
Berpidato tanpa suatu rancangan apapun atau bisa dikatakan tiba-tiba (dadakan)
4. Teknik Ekstemporan
Berpidato dengan membawa catatan kecil yang berisi pokok penting dari isi pidhato.

Berikut ini adalah salah satu contoh sesorah yang bertema “perpisahan sekolah"


Assalamualaikum warahmatulahi wabarakatuh
Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang tuhu kinurmatan                                                        
Panjenenganipun Ketua Komite Sekolah ingkang tuhu kinurmatan                                                    
Para tamu undangan ingkang tansah winantu ing suka basuki    
Saha para kanca ingkang kula tresnani

       Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng muji syukur dumateng Gusti Kang Mahakuwasa, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula lan panenengan sami.

Bapak ibu sagung ingkang tuhu kinurmatan                                       
Kula matur wonten ing ngarsa panjenegan sedaya nun inggih amakili para kanca kelas IX. Ingkang sepisan, kula sakanc muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Kang Mahakuwasa inggih awit sedaya saged  derek UN ngantos dumugi pari purna.

       Salajengipun kula sakanca nyuwun agunging panuwun dumateng warga sekolah ingkang sampun paring pambiyantu dhateng kula sakanca sadangunipun sekolah wonten ing ngriki. Mliginipun dhumateng bapak / ibu guru sampun paring ngilmu ingkang mumpangati gesang kula sakanca. Kula sakanca boten saged caos piwales menapa-menapa, mugi kesaenan panjenengan sedaya cinatet amal jariyah lan angsal lelintu ingkang murwat.

      Salajengipun kula sakanca nglenggana bilih sadangunipun sekolah wonten ngriki katah kalepatan saha kula sakanca nyuwun samudra pangaksama.

       Pungkasanipun kula sakanca nyuwun tambahing donga pangetu mugi saged nglajengaken ing pasinaon salajengipun.

      Makaten ingkang dados atur kula. Katah pinanggih kalepatan nyuwun agunging pangapunten. Matur Nuwun.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

0 komentar:

Posting Komentar

Popular

Blogger templates

Blogroll

About

Buscar

Diberdayakan oleh Blogger.